CERITA RAKYAT

A.Pangerten Crita Rakyat
   
      Cerita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai nilai, antarane yaiku nilai nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan nilai nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyrakate.



 B. Titikane Crita Rakyat

  1. Panyebarane kanthi lesan.
  2. Duweni sipat tradhisional.
  3. Sugih cakrik lan variasi.
  4. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit).
  5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara panugkapane.


C. Mupangate Crita Rakyat


  1. Mupang rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
  2. Mupang dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
  3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai nilai kaendahan.
  4. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
  5. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.



D. Unsur Crita Rakyat
   
      Crita rakyat nduweni unsur unsur instrinsik, kayata :

  1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
  2. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapanunggalane.
  3. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
  4. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
  5. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggalane. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.



E.  Wujude Crita Rakyat 


  1. Mitos  yaiku crita kang dianggep bener bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggalane.
  2. Legendha  yaiku crita kang dianggep bener bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggalane. Tuldhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggalane.
  3. Dongeng  yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggalane.



F. Sinopsis

     Sinopsis yaiku ringkesan saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab bab kang kudu digatekake yaiku :

  1.  Tema           :  gagasan pokok, pokok crita.
  2.  Latar            : papan lan wektu dumadine prastawa.
  3.  Alur              :  lakuning crita.
  4.  Penokohan :  paraga crita. 
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer