SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI ( Bahasa Jawa Kelas 12 Semester 1)
Serat Wedhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipa ti Arya (KGPAA) Mangkunagara IV Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh.
B. Tembang Kinanthi
Tembang Kinanthi asale saka tembung "kanthi" (ing basa Jawa) tegese lengkap. Lagu Kinanthi ngemot tuntunan utawa tuntunan sing ditindakake dening wong diwasa menyang bocah. Iki tegese bocah sing wis tuwuh lan ngremboko mbutuhake pandhuan lan arah saka wong diwasa supaya bisa sukses
Guru gatra
yaiku araning timbaning swara ing saben
pada (bait). Guru gatra ing pupuh Kinanthi
ono 6
Guru lagu
yaiku araning timbaning swara ing saben
pungkasaning gatra guru lagu ing tembang
kinanthi yaiku u,i,a,i,a,i
Guru wilangan
yaiku araning cacahing wanda saben gatra/
baris. Guru wilangan ing tembang kinanthi
yaiku 8,8,8,8,8,8
• Watak tembang kinanthi
Watake seneng, tresna asih, mituturi,
nuladani, mula lumrahe kanggo menehi
pitutur lan crita kang nalekane rasa tresna
asih Dikanthi-kanthi (diarahake lan
dibimbing) supaya dadi manungsa sejati.
Kang iso njaga bumi pertiwi.
• Ajaran ajaran sing ono ing tembang
kinanthi
- Ngasah perasaan supaya nyingkirke hawa
nafsu supaya dadi manungsa sing mulya
kanthi gambarake wong akeh supaya entuk
ketentraman ati lan jiwa.
- Tansah waspada supaya mawas diri lan
ngilingake rasa ragu ning njero ati supaya
mantep kanggo nglakoni kebajikan.
- Ngilangake rasa cemburu, ora nganggu
wong liya, lan nahan hawa nafsu nanging
mung sepi dadi ayem tentrem.
- Piwulang sing ngetutke hal kang becik
ingkang wes diajarke gawe ngolehake
kamulyaan.
- Ngelingke manungsa ben eling lan waspada ,
maksute eling yaiku ileng marang petunjuk
utowo pelajaran kang dikei saka alam (eling
lukitaning alam)
Sumber : •Kabeh bisa basa jawa kelas 12
•Prigel Basa Jawa.
Mantap kak
BalasHapus👍
BalasHapus👍
BalasHapusMantap
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapus👍
BalasHapusBagus
BalasHapusSangat membantu dan bermanfaat sekali🤗🤗🤗
BalasHapusBermanfaat sekalii
BalasHapusApik tenan
BalasHapusBagoosss
BalasHapusTerimakasih
BalasHapusSangat bermanfaat
👍👍👍
BalasHapusSangat bermanfaat. Makasih
BalasHapusproud of you dek
BalasHapusBagus
BalasHapus