SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI ( Bahasa Jawa Kelas 12 Semester 1)


A. Pangerten Serat Wedhatama
Serat Wedhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipa ti Arya (KGPAA) Mangkunagara IV Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan  L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh.
    B. Tembang Kinanthi
    Tembang Kinanthi asale saka tembung "kanthi" (ing basa Jawa) tegese lengkap. Lagu Kinanthi ngemot tuntunan utawa tuntunan sing ditindakake dening wong diwasa menyang bocah. Iki tegese bocah sing wis tuwuh lan ngremboko mbutuhake pandhuan lan arah saka wong diwasa supaya bisa sukses

Guru gatra 
yaiku araning timbaning swara ing saben 
pada (bait). Guru gatra ing pupuh Kinanthi 
ono 6
Guru lagu
 yaiku araning timbaning swara ing saben 
pungkasaning gatra guru lagu ing tembang 
kinanthi yaiku u,i,a,i,a,i
Guru wilangan
yaiku araning cacahing wanda saben gatra/ 
baris. Guru wilangan ing tembang kinanthi 
yaiku 8,8,8,8,8,8
• Watak tembang kinanthi
Watake seneng, tresna asih, mituturi, 
nuladani, mula lumrahe kanggo menehi 
pitutur lan crita kang nalekane rasa tresna 
asih Dikanthi-kanthi (diarahake lan 
dibimbing) supaya dadi manungsa sejati. 
Kang iso njaga bumi pertiwi.
• Ajaran ajaran sing ono ing tembang 
kinanthi
- Ngasah perasaan supaya nyingkirke hawa 
nafsu supaya dadi manungsa sing mulya 
kanthi gambarake wong akeh supaya entuk 
ketentraman ati lan jiwa.
- Tansah waspada supaya mawas diri lan 
ngilingake rasa ragu ning njero ati supaya 
mantep kanggo nglakoni kebajikan.
- Ngilangake rasa cemburu, ora nganggu 
wong liya, lan nahan hawa nafsu nanging 
mung sepi dadi ayem tentrem.
- Piwulang sing ngetutke hal kang becik  
ingkang wes diajarke gawe ngolehake 
kamulyaan.
- Ngelingke manungsa ben eling lan waspada , 
maksute eling yaiku ileng marang petunjuk 
utowo pelajaran kang dikei saka alam (eling 
lukitaning alam)


Sumber : •Kabeh bisa basa jawa kelas 12
•Prigel Basa Jawa.


Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer