PRANATACARA



A. PENGERTIAN PRANATACARA


          Pranata cara yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara. MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumpraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane.

 B. MBEDAH KAIDAH PRANATACARA

          Urut-urutane teks pranatacara :
  1. Salam pambuka;
  2. Atur pamuji;
  3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun;
  4. Wedharing gati;
  5. Atur nyuwun pangapura;
  6. Panutup;
  7. Salam panutup.

C. MACA TEKS PRANATACARA

          Supaya anggone kaca teks pranatacara gampang dimangerti, kudu nggatekake babagan ngisor Iki.
  1. Pangucapane kang trep.
  2. Pamedhote ukara kang trep.
  3. Intonasi, nada, LAN tekanan kang trep.
  4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep.
  5. Swara kang cetha.
  6. Ngatur Alon lan cepete pamaca.
  7. Ngolah treping mlebu wetuning napas.
  8. Mahami wacan.
  9. Pracaya marang dhiri pribadi.

D. KAWRUH KAGUNAAN BIASA


          Tembung Yogyaswara, yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dianggo bebarengan lan nduweni teges lanang-wadon. 
          Tuladha : Bathara-bathari.

E. TEMBUNG ENTAR 


          Entar tegese silihan, yaiku Tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung Entar nduweni isi kang gaseh Karo tetembungane.
          Tuladha : Kethul Pikire = Bodho


F. RURA BASA


          Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah, amarga ora katemu nalar. Rura basa iku basa kang salah, ning wiskabacut lumrah.
          Tuladha : Godhog wedang.

G. PANYANDRA 

      
          Panyandra asale saka tembung candra, kang duwe teges wetunan kaanan wewejudan sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandra iku gegambaring kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra. 
          Tuladha : Rambute ngombak banyu.

H. PEPINDHAN


          Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kakarepan Karo kaya, dadi, kadya, lir, pendah.
          Tuladha : Lakune kaya macan luwe.




Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1
      

Komentar

Postingan Populer